CEK INFO GRATISAN LURRR
CEK INFO GRATISAN LURRR
Kepriwen kabare, lur, pada sehat mbok? Ora krasa dewek wis mlebu wulan ke dua nang tahun 2026. Siki rasane dinane cepet banget. Icir-icir wis ganti dina, ganti tanggal, icir icir wis tua. Kabeh wong bakale ngalami tua, tapi sing disuwun dadi tua sing sehat tur ora ngrepoti wong liya. Nah sedurunge dadi tua ayuh bareng- banreng pada usaha nggo njaga awak ben ora krepo.
Wis pada ngerti apa urung, Lur? Nek kabeh warga Indonesia nduwe hak nggo dipriksa kesehatane gratis setahun sepisan. Priksane nang Puskesmas sing edek karo panggonane njenengan. Sit..sit...sit, aja mbayangna olehe dipriksa kaya medical chek up nang rumah sakit gede ya, lur... nang Puskesmas kuwe tugase nemokna sing kia kira bisa nggawe penyakit nang awake dewek. Dadi cara bocahe, Puskesmas kuwe nliti ana sing ora pas karo awak apa ora. Nek mengko kok ana sing ora pas, dirujuk meng Rumah Sakit sing lewih kumplit. Kaya kuwe lur, dadi aja mbayangna njenengan mengko di CT Scan mbireng ya nang Puskesmas.
Penyakite wong jaman siki kuwe rata rata penyakit sing disebabna sekang kebiasaan sing ora apaik. Contone, rajin jajan jarang olah raga, ujug ujug kolesterole duwur gari bingung karo takon, deneng bisa kaya kuwe sih??? Nah mulane men ada kedadean kaya kuwe ayuh pada cek kesehatan gratis.
Mengko nek nang Puskesmas, njenengan bakalan ditimbang, diukur duwure (iya iya mimin ngerti nek umur wis 40an wis ora mundak duwere tapi sapa ngerti malah dadi mendeki haha), diukur amba wetenge. kuwe kabeh nggo niteni apa ana gejala kelemon apa gejala kurang gizi. nek kelemon biasane gampang kena penyakit sing ora menular kuwe mau.
Lajnjut ya... mengko bar diukur ukur njenengan dijukut getihe setitik nggo dicek, gula, lemak nang jero getih karo cek kadar sel darah merahe. Nek normal kabeh ya lanjut meng pitakonan sing liyane nek ana sing ora normalya nunggu info lewih lanjut.
Deneng nyong gur ditakon takoni, min?
Lha jenenge be ngetes, ya ditakon takoni disit. ditakoni bab kesehatan mentale kira kira perlu penanganan apa ora, ditakoni kebiasaan merkok men ngerti ana kemungkinan masalah nang paru aru apa ora. Simbah simbah ditakon takoni sing tujuane nggo ngetes apa esih apik daya ingate apa ora. Kaya kuwe lur..
Carane kepriwen nek arep cek gratisan, min?
Carane gampang, njenengan cukup meng Puskesmas nggawa KTP terus matur meng bagean pendaftaran arep CEK KESEHATAN GRATIS. Wis ayuh gagean pada meng Puskesmas.
